Cucak Rowo

Oleh : Didi Kempot


Kucoba coba melempar manggis,
Manggis kulempar mangga kudapat
Kucoba coba melamar gadis,
Gadis kulamar janda kudapat

Iki piye iki piye iki piye,
Wong tuo rabi perawan
Prawane yen mbengi nagis wae,
Amargo wedi karo manuke

Manuke manuke cucak rowo,
Cucak rowo dowo buntute
Buntute sing akeh wulune,
Nek digoyang ser-ser aduh enake

Kangen Kowe

Oleh : Didi Kempot

Sepine ing wengi iki
Aku eling
Atiku mung tansah eling karo kowe

Angin parama ribut
Tansah ngelingake
Aku ora bakal lali karo kowe

Aku kangen kowe
Esuk awan wengi sore
Aku kangen kowe
Cah ayu aku neng kene
Aku kangen kowe
Entenono sak tekane
Aku kangen kowe
Aku kangen karo kowe

Kangen kangen
Yang aku kangen
Ngenteni kowe aku neng kene
Eling alismu eling pipimu
Ugo eling kuwi ayumu cah ayu
Neng kene kangen atiku kangen
Mung eling karo kowe cah ayu

Keloro-Loro

Oleh : Didi Kempot

Dadi ngene lelakon iki
Urip koyo ning pucuking arit

Kowe sing tak tresnani
Kowe sing tak ugemi
Ra nyono ra ngiro
Malah lali

Wis tekan kene
Karepmu [lakumu] tak etutke
Aku malah koe padak-padake
Sanajan aku wong deso aku ora trimo
Pilih siji aku opo kae

Sopo wonge ora keloro-loro
Adoh dulur adoh karo wong tuwo
Sopo wonge ora keloro-loro
Wis neng parang uripku disio-sio

Ketaman Asmara

Oleh : Didi Kempot


Saben wayah lingsir wengi
Mripat iki ora biso turu
Tansah kelingan sliramu
Wong ayu kang dadi pepujanku

Bingung rasane atiku
Arep sambat nanging karo sopo
Nyatane ora kuwowo
Nyesake atiku sansoyo nelongso

Wis tak lali-lali
Malah sansoyo kelingan
Nganti tekan mbesok kapan nggonku
Mendem ora biso turu

Opo iki sing jenenge
Wong kang lagi ke taman asmoro
Prasasat ra biso lali
Esuk awan bengi tansah mbedo ati

Konangan (feat. Ray NineBall & Sunu Matta)

Oleh : Didi Kempot

Saiki aku ra percoyo
percoyo karo janjimu
Biyen sing tak sawang mung rupo
ora ngerti atimu

Dek wingi kowe ngomong setyo
ora tau selingkuh
Saiki aku uwis ngerti
ngerti polah tingkahmu

Neng ngarep mripat iki
kowe ngelarani aku
karo wong liyo
kuwi kancaku

Reff:
O..O.. kowe konangan
pacaran maneh
karo wong liyo
konco kenthelku O..O..

Nanggap Campursari

Oleh : Didi Kempot

Sasi ngarep ayo rabi yo dik yo
Konco konco diulemi
Nanggap orkes campursari
Sedino punjul sewengi
Tamune ben seneng ati

Mengko yen listrike mati yo dik yo
Nyewo disel opo aki
Joget terus sampe pagi
Jogetan karo penyanyi
Yen wis rampung disangoni

Sing nyanyi ayu-ayu
Yen aku mlirik kowe ojo cemburu
Sing mlirik mung mripatku
Ning atiku mung kanggo sliramu

Tresno ditambah tresno
Candakane mestine kuwi roso
Roso ditambah roso
Candakane mestine kuwi kerso
Kerso ditambah kerso
Candakane mestine kuwi nyoto
Nyoto ditambah nyoto
Nyoto-nyoto wong loro pancen tresno

Pancen Jodo

Oleh : Didi Kempot

Opo wis garise yen aku bakal urip karo kowe
Sanajan kerep tukaran nanging ati ra nate bubaran

Seprene lawase wong loro ugo podho tresnane
Benere jare wong tuwo jodo kuwi sing akeh mirip rupane

Yen pancen wis jodho seneng susah ayo disonggo wong loro
Sopo ngerti saiki rekoso tembe mburi biso mulyo
Ojo digatekke sopo wae sing nggunem awake dewe
Nek wis jodo mantrane mbah dukun ra bakal biso medhotke

Parangtritis

Oleh : Didi Kempot

Rasane kepengin nangis yen kelingan parangtritis
Rasane koyo diiris
Naliko udah gerimis rebo wengi malem kemis
Ra nyono ra ngiro janjimu jebul mung lamis

Parangtritis
Neng kono ono wong manis
Yen eling kowe reneo gelis
Parangtritis
Neng kono ono wong manis
Yen eling aku kepengin nangis

Ombak gede katon ngawe-awe
Nelongso neng ati rasane
Ombak gede sing dadi seksine
Isih kelingan tekan seprene

Pasar Klewer

Oleh : Didi Kempot

Singosaren coyuten
Dadi pusat pertokoan
Wayah sore rame tenan

Cilik gedhe podho kumpul
Rambut dowo nganti gundul
Persis koyok warung gaul

Ireng putih nganti pirang
Do melu model sekarang
Jarene kemajuan

Dandanane ugal-ugalan
Polahe ora karuan
Eeee koyo wong edan

Ning pasar klewer kutho solo
Jare blonjo pamite kok ngumbah moto
Pasare rame tenan
Desek desekan nanging jo nganti grayangan

Ning pasar klewer kutho solo
Kowe rugi tiwas teko ora blonjo
Pasare komplet tenan
Pingin opo ning kono mesti ono

Sarinthol

Oleh : Didi Kempot

Mencap mencep kemayune
Medok medok pupurane
Abang mbranang bengesane
Dandan diayok ayokke
Sarinthol lali bojone

Megal megol kemayune
Mlakune digawe gawe
Sarinthol aduh manise
Ambune aduh wangine
Saiki lali bojone

Thol sarinthol
Mbok yho eling ling ling ling
Mbok eling asal usulmu
Thol sarinthol
Ojo ngono no no no
Bareng kenal lampu disco

Rambutmu biyen sak bokong saiki malah dipotong
Sarinthol mulih ko salon
Dandan menor moblong moblong

Sarinthol sobone disco gedhek-gedhek gela gelo 5 x

Sekonyong-konyong Koder

Oleh : Didi Kempot

Cintaku sekonyong-konyong koder
Karo kowe cah ayu sing bakul lemper
Lempermu pancen super resik tur anti laler
Yen ra pethuk sedino neng sirah nggliyer

Cintaku sekonyong-konyong koder
Paribasan durung demok wani panjer
Modal bensin seliter montorku tak setater
Tak ampiri arep tak ajak muter-muter

Tiwas aku dandan mlipit
Rambutku tak ulet ngangge pomit
Malah kowe lungo plencing
Ora pamitmit..mit..mit.mit..miiit

Ref. Biiir..temulawak
Nggon ku mikir neng awak ngartii rusa..ak
Rusaaaak..njobo njero,
Sing tak pikir jebule koyo ngono!

Kembang jambu grogot dipangan uler(ler)
Cintaku sekonyong-konyong koder
Uler keket mlakune klogat-kloget
Allah jabang bayi jebul aku keno pelet...

Setasiun Balapan

Oleh : Didi Kempot

Ning stasiun balapan
Kuto solo sing dadi kenangan
Kowe karo aku
Naliko ngeterke lungamu

Ning stasiun balapan
Rasane koyo wong kelangan
Kowe ninggal aku
Ra kroso netes eluh ning pipiku

Da a... Dada sayang
Da... Slamat jalan


Reff:
Janji lungo mung sedelo
Jare sewulan ra ono
Pamitmu naliko semono
Ning stasiun balapan solo

Jare lungo mung sedelo
Malah tanpo kirim warto
Lali opo pancen nglali
Yen eling mbok enggal bali

Sewu Kuto

Oleh : Didi Kempot

Sewo kuto uwis tak liwati
Sewu ati tak takoni
Nanging kabeh
Podo rangerteni
Lungamu neng endi
Pirang tahun aku nggoleki
Seprene durung biso nemoni

Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan sak kedeping moto
Kanggo tombo kangen jroning dodo

Wis tak coba
Nglaliake jenengmu
Soko atiku
Sak tenane aku ora ngapusi
Isih tresno sliramu

Umpamane kowe uwis mulyo
Lilo aku lilo
Yo mung siji dadi panyuwunku
Aku pengin ketemu
Senajan wektumu mung sedhela
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

Senajan sak kedeping moto
Tak nggo tombo kangen jroning dodo

Kirimkan Ini lewat EmailBlogThis!Berbagi ke TwitterBerbagi ke FacebookBerbagi ke Google Buzz

Tanjung Mas Ninggal Janji

Oleh : Didi Kempot

Bebasan Koyo Ngenteni Udan Ning Mongso Ketigo
Najan Mung Sedelo Ora Dadi Ngopo
Penting Iso Ngademke Ati

Semono Ugo Rasane Atiku
Mung Tansah Nunggu Tekamu
Ra Kroso Setaun Kowe Ninggal Aku
Kangen... Kangen'e Atiku

Aku Sik Kelingan Naliko Nang Pelabuhan
Kowe Janji Lungo Ra Ono Sewulan
Nanging Saiki
Wes Luwih Ing Janji
Nyatane Kowe Ora Bali-bali
Ning Pelabuhan Tanjung Mas Kene
Biyen Aku Ngeterke Kowe
Ning Pelabuhan Semarang Kene
Aku Tansah Ngenteni Kowe

Teles Kebes

Oleh : Didi Kempot

Teles kebes klambi sing tak enggo iki
Udan deres aku ra peduli
Mlaku tanpo payung mergo atiku bingung
Urip ijen tanpo bopo biyung

Nganti kapan kudu tak lakoni
Pacoban urip awakku iki
Seprene lawase aku urip dewe
Neng kene ora ono kancane

Udan deres teles kebes klambi iki
Karepe ati kepengin nggoleki
Udan deres teles kebes klambi iki
Aduh bapa biyung kowe ono ngendi

Aku pengin nangis nangis neng pangkonmu
Koyo bayi nangis nyuwun banyu susu
Aku pengin nangis nangis neng pangkonmu
Bapa biyung rungokno tangisku

Terkintil-Kintil

Oleh : Didi Kempot

Terkintil-kintil
Cintaku terkintil-kintil
Tresnaku karo kowe ra bakal tak cuil-cuil

Yayayaya
Opo tenan mas mana buktinya
Aku aku tak mau
Jo ojo kowe mung ngerayu

Suwer dik
Tresnaku ora tak ecer
Tenan mung kowe sing cemantel
Suwer dik
Tresnaku ora tak ecer
Nek ra pethuk rasane koyo wong teler

Tresno mas kuwi ono neng dodo
Ora cukup mung disawang karo moto
Ojo koyo neng lagi mangan tebu mas
Entek legine trus kowe ninggal aku

Terminal Tirtonadi

Oleh : Didi Kempot


Nalikane ing tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali

Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Neng kene tak tunggu
Nganti saelingmu

Moso rendeng wis ganti ketigo
Opo kowe ra kroso
Nek kowe esih eling lan tresno
Kudune kowe kroso

Nalikane ing tirtonadi
Ngenteni tekane bis wayah wengi
Tanganmu tak kanthi
Kowe ngucap janji
Lungo mesti bali

Wis suwe3x
Kangen sing tak rasakke
Rasane3x
Rasane koyo ngene
Neng kene3x
Aku ngenteni kowe
Aku kangen
Kangenku mung kanggo kowe

Rasane ngitung nganti lali
Wis pirang taun anggonku ngenteni
Ngenteni sliramu
Neng kene tak tunggu
Nganti saelingmu

Wis suwe3x
Kangen sing tak rasakke
Rasane3x
Rasane koyo ngene
Neng kene3x
Aku ngenteni kowe
Aku kangen
Kangenku mung kanggo kowe